Kathok Bolong
Ono kahanan sing ora iso tak lalekke naliko jaman arep lulus SD tahun 1980. Sekolahku mbiyen neng SD Negeri Inpres 10 Gejayan sak kidul terminal Condongcatur. Sekolah jaman kuwi aku urung kenal jenenge sepatu; nek sekolah mung cekeran.
Jaman kuwi isih arang banget sing jenenge tukang foto. Kanggo keperluan foto nggo gawe ijazah mbiyen sekolahan ngundang tukang foto keliling. Le foto mung kon lingguh kursi mburine tembok trus difoto, cekrek. Kanca-kancaku sebagian wis difoto lan tekan giliranku difoto. Lehku lingguh dipernah-pernahke tukange foto ben fotone apik hasile. Nek pas poto konco-konco dho ndelok neng ngarepe. Nanging sauwene mernahke le lingguh aku gumun kok kanca-kancaku dho nggeguyu aku kabeh. Aku dhewe bingung ono opo to kok dho nggeguyu aku ? Tak delok-delok awakku dhewe, sandhangan sik tak nggo yo tak sawang. Jebule le dho ngguyu mergo weruh kathokku bolong mergo jahitane dho ucul lan manukku ketok gemandhul. Mulo hasile foto nggon ijazahku SD rupaku rodo ngguyu sajak kepiye, ketok elik.
Tujune mono aku urung duwe roso isin sing akeh wektu kuwi.
Jumat, 07 Desember 2018
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
KiJarot Telah Mendahului Kita
Senin, 17 Nopember 2025, Temen kita KiJarot Telah Mendahului Kita... Innalillah wa innaillaihi roji'un , Smoga husnul khatimah (tri jus ...
-
12 Januari 2025 Ngumpul bareng klas A Pertemanan dan paseduluran hakiki yang melintasi segala perbedaan. Ndahebo indahnya keguyuban itu. Mon...
-
Sepatah kata kenangan dari Mas Auri: satu persatu temen kita tlh pergi meninggalkan kita, dg cara yg berbeda pula. Ada yg melalui proses pa...
-
Foto-Foto Penuh Kenangan dan Perjuangan Sopo nduwe foto liyane?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar